STASIUN KROYA

Posted: May 25, 2009 in Daerahe Dewek
Tags: , ,

Stasiun Kroya kuwe ibarate pintu gerbange masyarakat Kroya nggo metu meng daerah-daerah liyane, soale kondisi geografis wilayah kecamatan Kroya pancen lumayan angel jalur transportasi darat. Kroya kota buntu dadi arep mengendi-ngendi numpak bis umum angelm jalur bis umum sing lewat Kroya rata-rata bis 3/4 di dominasi jurusan Cilacap – Purwokerto, seliyane kuwe jurusan Kebumen Cilacap. Nek bis gede sih ana tapi jarang banget paling-paling bis melem jurusan Jakarta, sing jurusan meng Jogja – Solo ana siji PO. Utama tapi jam e ora jelas. Untunge Kroya duwe stasium sing strategis banget soale pas persimpangan antara meng jalur utara karo jalur selatan dadine rame, sepur sing kan Jakarta utawa Bandung sing arep meng Jogja – Solo utawa Surabaya mesti lewat stasiun Kroya trus ndilalah rata-rata pada transit kecuali sepure wong sugih (Executive/Argo) sing pada ora mandeg. Mergane kuwe nang stasium Kroya akeh banget bakul asongan, tukang ngamen, tukang ngemis, gelandangan. wong gemblung be ora gelem ketinggalan melu-melu nimbrung nang kono,nah dadine suasana dadi kurang nyaman. Ya ora bisa maido lha wong kabeh pada ngandalna urip kan stasiun. Nang njaba stasiun tukang becak karo tukang ojek uga ora kalah akeh, ya nek di dadekna tim bal balan ya bisa dadi ana 10 tim lewih plus pemain cadangan karo tukang surak alias suporter. Tapi walaupun kepriwe stasium Kroya jasane lan manfaate nggo masyarakat Kroya gede banget. Kroya juga nduwe sepur dewek walaupun kelas ekonomi jenenge KA. Serayu, nek nang Jakarta lewih dikenal jenenge KA. Citra Jaya. Jurusane Jakarta – Kroya lewat Bandung. Tapi inyong senenge nek ngarani sepur kuwe “Argo Loyo” soale alon banget trus mandeg-mandeg bae. Tapi jasane gede banget lan berguna banget nggo masyarakat cilik kaya inyong kiye. Pokoke inyong sayang lan bangga banget maring stasiun Kroya. Sedulur nek ana sing maca tulisan kiye bisa komentari ya,tulung sedulur-sedulur liyane dikabari. Soale inyong pengin mbangun silaturahmi ya walaupun nang dunia maya karo sedulur-sedurku wong Kroya khususe utawa Cilacap Utawa Banyumas umume.

2918176151_2a4a1b086c-300x209

Comments
  1. cah kroya says:

    hiiiiii,ulih melu gabung kan….

  2. edwin says:

    apik bgt su!!! informasine. ora nyana kowe pinter juga ya???? tek dukung 1000% jer.
    tp ana keritik sending ya.. ora papa mbok…
    untuk informasi wisata sing berbau-bau sirik aja dinformasikan lha mbokan wong sing ora ngerti malah dadi ngerti,sing ora niat dadi niat syirik soale siki akeh wong edan kepengin cepet sugih tapi dalane nyimpang( syirik akbar) menyekutukan alloh.
    mending dinformasikan bae tentang keadaan geografise bae misalkan keindahan pemandangane.jajane sing bs dituku neng sekitar lokasi, harga tikete dll

  3. edwin says:

    apik bgt su!!! informasine. ora nyana kowe pinter juga ya???? tek dukung 1000% jer.
    tp ana keritik sending ya.. ora papa mbok…
    untuk informasi wisata sing berbau-bau sirik aja dinformasikan lha mbokan wong sing ora ngerti malah dadi ngerti,sing ora niat dadi niat syirik soale siki akeh wong edan kepengin cepet sugih tapi dalane nyimpang( syirik akbar) menyekutukan alloh.
    mending dinformasikan bae tentang keadaan geografise bae misalkan keindahan pemandangane.jajane sing bs dituku neng sekitar lokasi, harga tikete dll.
    oke su!!!
    tetep semangat!!!!

  4. wonggading says:

    matur nuwun su, ya tujuanku sih cuma wisata. dan kan tiap tulisanku tek peseni kon aja pada musyrik nang tempat kono. jajal diwaca maning su…
    matur suwun. nek ana kritik maning monggo di sampeken.

  5. ivan ts says:

    nuwun sewu ulih melu nimbrung mbok

    • wonggading says:

      Ya anu ulih pisan kang, matur nuwun sanget nek gelem gabung. Mbok ana ide, saran, utawa kritik di kabari nyong ya kang

  6. Ivan ts says:

    Pak kie aku teka maning maring stasiun kroya.pak jane aku kenapa ya,aku kue seneng pisan maring sing jenenge sepur,lah pokoke sing mambu sepur aku seneng banget nganti tak rewangi seminggu pisan bali maring kroya mung andon ndeleng stasiun kroya karo numpak langsiran serayu,ger wis weruh kr wis numpak jan seneng rasane,mung sayang aku ra ana batir sing tak jaluki unek2 tentang stasiun kroya,menurute rika priwe pak.

    • wonggading says:

      ya pada bae kang, stasiun kroya ya kenangane akeh pisan. jaman smp ya nek mangkat liwat stasiun kroya, nek balike ngenteni langsiran sepur banjar. ya wis lah nek ana uneg2 pa cerita ya cerita nang kene bae kang. matur nuwun…

  7. wawan says:

    aku dewek ya ngacungi jempol lah!!!!!!!!!!!!!!
    maring rika kabehane sing tesih bisa njaga lan ngrumat stasiun kroya dadi bersih,elok&dercahaya……….!!!!
    maju terus daerah kuuuuu……………
    aku kepengen moga2 stasiun kroya dadi stasiun sing jaya lan makmur’Amiinn///

    matur suwunn boooossssss!!!!!!!11

Leave a comment