Posts Tagged ‘Kroya’

Kiye nggo nyambung tulisan tentang stasiun Kroya sing wis tau tek tulis  sedurunge, ya ben lewih afdol lan sreg lah ngger ana jadwal sepur sing mangkat kan Stasiun Kroya sing tujuane meng kota-kota gede khususe Jakarta, Bandung, Surabaya, Jogja, Solo.
waca terusane…

Srandil_1

Nggo sampeyan sing seneng maring hal-hal klenik mesthi kudune ngerti tempat kiye, iya bener sedulur gunung Srandil pancen obyek wisata spiritual utawa religius sing anane nang desa Glempang pasir kecamatan Adipala,ndilalah lokasine jejeran karo gunung Selok sing uga obyek wisata religius. Akses nggo menganah lumayan wis gampang soale dalane wis alus lan kebeneran cedek karo jalur lintas selatan sing lagi di bangun nggo ngeramekna lan majukna perekonomian nang daerah pulau jawa sebelah kidul (selatan).
waca terusane…

STASIUN KROYA

Posted: May 25, 2009 in Daerahe Dewek
Tags: , ,

Stasiun Kroya kuwe ibarate pintu gerbange masyarakat Kroya nggo metu meng daerah-daerah liyane, soale kondisi geografis wilayah kecamatan Kroya pancen lumayan angel jalur transportasi darat. Kroya kota buntu dadi arep mengendi-ngendi numpak bis umum angelm jalur bis umum sing lewat Kroya rata-rata bis 3/4 di dominasi jurusan Cilacap – Purwokerto, seliyane kuwe jurusan Kebumen Cilacap. Nek bis gede sih ana tapi jarang banget paling-paling bis melem jurusan Jakarta, sing jurusan meng Jogja – Solo ana siji PO. Utama tapi jam e ora jelas. Untunge Kroya duwe stasium sing strategis banget soale pas persimpangan antara meng jalur utara karo jalur selatan dadine rame, sepur sing kan Jakarta utawa Bandung sing arep meng Jogja – Solo utawa Surabaya mesti lewat stasiun Kroya trus ndilalah rata-rata pada transit kecuali sepure wong sugih (Executive/Argo) sing pada ora mandeg. Mergane kuwe nang stasium Kroya akeh banget bakul asongan, tukang ngamen, tukang ngemis, gelandangan. wong gemblung be ora gelem ketinggalan melu-melu nimbrung nang kono,nah dadine suasana dadi kurang nyaman. Ya ora bisa maido lha wong kabeh pada ngandalna urip kan stasiun. Nang njaba stasiun tukang becak karo tukang ojek uga ora kalah akeh, ya nek di dadekna tim bal balan ya bisa dadi ana 10 tim lewih plus pemain cadangan karo tukang surak alias suporter. Tapi walaupun kepriwe stasium Kroya jasane lan manfaate nggo masyarakat Kroya gede banget. Kroya juga nduwe sepur dewek walaupun kelas ekonomi jenenge KA. Serayu, nek nang Jakarta lewih dikenal jenenge KA. Citra Jaya. Jurusane Jakarta – Kroya lewat Bandung. Tapi inyong senenge nek ngarani sepur kuwe “Argo Loyo” soale alon banget trus mandeg-mandeg bae. Tapi jasane gede banget lan berguna banget nggo masyarakat cilik kaya inyong kiye. Pokoke inyong sayang lan bangga banget maring stasiun Kroya. Sedulur nek ana sing maca tulisan kiye bisa komentari ya,tulung sedulur-sedulur liyane dikabari. Soale inyong pengin mbangun silaturahmi ya walaupun nang dunia maya karo sedulur-sedurku wong Kroya khususe utawa Cilacap Utawa Banyumas umume.

2918176151_2a4a1b086c-300x209