PSCS menang 1 – 0 lawan PSIS

Posted: November 30, 2010 in Olahraga
Tags: , , , ,

Dina minggu wingi tanggal 28 November 2010 stadion Wijayakusuma ramene pool….. mergane tim kebanggane warga Cilacap sekitare menang lawan PSIS Semarang. Siji-sijine gol kemenangan tim PSCS di cetak nang Eka Wijayanto  menit 93 pas pertandingan wis arep bubaran alias injury time, pas ana rame – rame pemain pating gemrudug nang ngarep gawang PSIS sing dikawal nang Agus Murod akhire Eka Wijayanto bisa nglebokna bal sing nggo rebutan wong 22 nang tengah lapangan kuwe maring njero gawange PSIS.

Ora kesuwen bar gol kuwe pendukunge tuan rumah sing arane Laskar Nusakambangan langsung pada surak-surak kesenengen, ora ketinggalan wakil bupati Cilacap ya kuwe pak Tatto Suwarto Pamuji uga melu surak-surak saking senenge. Ngalahna tim pengalaman sing wis tau juara Liga Indonesia rasane kaya mabur meng langit temenan lah, tapi sayange pas pertandingan kuwe akeh protas-protes kang pihak PSIS mergane ora puas karo kepemimpinane wasit Prasetyo Hadi asal Surabaya, apamaning bar PSCS nglebokna bal meng gawange PSIS suasana tambah panas tapi untunge pak pulisi sigap gole ngadepi situasi nganti akhire ora ana kedadean sing lewih parah.

Pertandingan ngesuke maning PSCS bakal nglawan Persikota Tangerang, pelatih Agus Riyanto kudu nyiapna pemaine ben bisa menang maning kaya pertandingan lawan PSIS kiye. Moga-moga bae PSCS  bisa menang terus lan akhire bisa mlebu ming liga super Indonesia.

Amien……….

Advertisement
Comments
  1. Imam Maskur says:

    wah apik kiye
    bangga lah

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Connecting to %s