
Bulan Mei kiye Yamaha Indonesia ngetokna produke sing anyar jenenge Xeon, nek nang negara asale Thailand di jenengi Mio 125. Kenangapa inyong ngomong negara asale Thailand ora Jepang ? soale pancen Xeon alias Mio 125 kuwe sing nggaw Yamaha Thailand, jian kenangapa ora Yamaha Indonesia ya….. ya wis ora apa-apa lah sing penting payu motore. Pas launching alias peluncuran motor kiye Yamaha Thailand ora tanggung-tanggung ngundang pembalap top Yamaha yaiku kang Valentino Rossi karo Mas Jorge Lorenzo. Ckckckckck….. mantep banget yakin lah.
Motor kiye kapasitas mesine 125 cc (124 cc) 4 tak SOHC, dadi lewih duwur kelase ketimbang sedulur tua ne yaiku Mio karo Nouvo, tapi sing lewih canggih maning motor kiye wis dilengkapi karo sistem pendingin air alias radiator, dadi ra usah kewatir ngger lunga-lunga adoh utawa mesin kepanasen kena macet nang dalan. Ana maning fitur unggulane yaiku forged piston sing jarene pihak Yamaha kuat lan awet , Pihak Yamaha uga wani aweh garansi nggo mesine nganti 5 tahun, sip lah. DiASil cylinder sing fungsine nggo njaga ben mesin tetep stabil, nang karburatore uga ana fitur Throttle possition sensor . Motor kiye bener-bener dadi pesaing kuate Honda Vario CBS Techno, gari sapa sing promosine lewih top lan regane lewih kejangaku masyarakat mesthi kuwe sing paling sukses. Nek menurut kabar manuk alias kabar burung motor Yamaha Xeon kiye di bandrol karo rega Ro. 15,5 juta, target dodolane Yamaha bar ngetokna produk kiye 150.000 unit per wulane sing maune mung 120.000 unit per wulan. Kayane sih bisa nembus target lah Yamaha, soale Yamaha Indonesia kuwe marketinge top selain masang iklan sing gampang diterima masyarakat nang tv, perhatian Yamaha nggo konsumen terutama klub-klub Yamaha termasuk apik dibanding liyane. Pengalamanku mbiyen pas kerja nang EO ndilalah nangani event Yamaha Mio, ngger ana kegiatan klub motor mesthi pihak Yamaha gelem melu mbantu utawa nyeponsori. Salut nggo Yamaha, mulane ora gumun ngger siki konsumene tambah akeh ganti Honda sing kelabakan pangsa pasare mulai direbut Yamaha.
Ya wis siki gari pilihane njenengan nek arep tuku motor, tapi motor kiye pantes dipertimbangna soale selain modele lumayan keren, fiture juga canggih lan regane tesih mlebu ngakal lah. Monggo…….




Sumber : kompas.com


hehe..blog motor basa banyumas kye
heheee………
Inyong pan komentar ora nyambung kiye,… nggo rame-rame…
Hadiah istimewa kanggo Facebook…
Tutup akun facebook saiki yuuk….
Sebabe bisa diwaca nang kene :
http://aslibumiayu.wordpress.com/2010/05/22/rasulullah-dihujat-saatnya-hengkang-dari-fb/
http://aslibumiayu.wordpress.com/2010/05/22/kontroversi-facebook-mundur-atau-tidak/
cara nutup akun bisa diwaca nang kene:
http://aslibumiayu.wordpress.com/2010/05/22/cara-menutup-akun-fb/
@ Maskur : lah ya nggo variasi baen kang…. hehehehe
@ Maulana : lah deneng di tutup, sing ditutup sing melakukan hal2 penodaan agama baen lah…. ngger kaya inyong anu nggo silaturahim ya ora apa2 mbok.
Maen yah..tapi ra duwe duit nggo tuku..melas temen sih nyong
lah aja bingung2 kang Indra, kredit tulih gampang siki….. sing DP 300 ewu be ana koh.
promosi kiye:
http://maskurmambangr.wordpress.com/2010/07/20/lomba-nulis-ngapak/
Pada bae kang nyong ya ngiler tapi genah ora dhuwe duit go kridit…kepriwe yaaaa
nuwun sewu…kumpulan blog banyumasan nang kene
http://basabanyumas.wordpress.com/