August 3, 2009

Athan Software

athan-view

Sedulur sedela maning bulan Ramadhan teka, rasane wis ora sabar nyambut bulan sing mulia nggo umat muslim nang seluruh dunia. Wis kangen banget ngrasakna puasa Ramadhan sing nikmate ora ana tandinge, suasana sing paling kepenak seumur urip ya ngger ngrasakna lan nglaksanakna ibadah nang bulan Ramadhan.

Sedulur ya itung-itung nyambut Ramadhan nyong arep bagi-bagi sing insya Allah ana manfaate nggo njenengan. jenenge Athan Software, program kuwe  nggo di install nang komputere njenengen. Trus nek wis di install nang komputer di seting nang lokasi kotane njenengan. Nah otomatis ngger wektune azan program kae mau langsung muni azan kan komputer, asike maning ngger wis rampung azan bisa diseting ana doa bar azan, dadi kaya nang mesjid temenan.

Nang kono ana tipe jenis azan kan mesjid Mekah, Madinah, Masjid Al-Aqsa, trus masjid Mesir. asik kan…. ya wis lah tinggal di download bae software nang kene, moga-moga manfaat.

DOWNLOAD

June 21, 2009

Terowongan IJO

Ijo-wonggading

Nek sampeyan kan arah Jakarta utawa Bandung utawa sewalike numpak sepur meng arah Jogja utawa Solo mesti bakal ngliwati terowongan sepur sing dawane sekitar setengah kilo (500 m), eh malah krungu-krungu ngger terowongan Ijo kiye terowongan paling dawa se Asia tenggara. Terowongan sing anane nang daerah Rowokele Kabupaten Kebumen tepate daerah pegunungan Kendeng antara stasiun Sumpyuh karo stasiun Gombong kuwe di bangun pas jaman penjajahan Landa (Belanda) sekitar taun 1885-1886.

Lokasine nek kana rah stasiun Sumpyuh sedurunge mlebu terowongan sebenere ana stasiun cilik jenenge stasiun Ijo, tapi siki jarang ana sepur sing mandeg nang kene. Sebenere ana suasana sing beda pas numpak sepur mlebu terowongan Ijo kiye soale bar ndeleng pemandangan sekitar sing di dominasi sawah-sawah trus ujug-ujug mlebu gua sing peteng lan pengap, apamaning nek lampu nang gerbong sepur ora murub, wuih.. serem soale peteng banget.

Stasiun Ijo uga wis tau nggo lokasi syuting film perjuangan sekitar taun 80 an sing judule “Kereta Api Terakhir”, sing ceritane nyeritakna perjalanan sepur nggawa pejuang kan stasiun Purwokerto meng Jogja. Nang cerita film kuwe terowongan Ijo berjasa banget nglindungi pejuang seka serangan montor mabur (pesawat) landa sing nembaki sepur sing ditumpaki pejuang RI. Tapi menurut sejarah asline jere warga sekitar kono jerene mbiyen jamane mbangun terowongan kiye ya korbane anu akeh pisan, ya jenenge kerja paksa jaman landa kon kerja keras tapi ra diempani ya pada mati lah, jan anu melasi banget ya sedulur rakyate dewek jaman biyen.

Pokoke terowongan Ijo kuwe aset sing penting lah nggo dunia transportasi khususe sepur, selain kuwe terowongan Ijo uga dadi saksi sejarah perjuanan bangsa Indonesia. Moga-moga kabeh pihak bisa njaga lan ngrawat terowongan kuwe ben tetep bisa digunakna lan dadi tempat sing bersejarah.

Ijo-2-wonggading Ijo-3-wonggading

June 16, 2009

JADWAL SEPUR STASIUN KROYA

Kiye nggo nyambung tulisan tentang stasiun Kroya sing wis tau tek tulis  sedurunge, ya ben lewih afdol lan sreg lah ngger ana jadwal sepur sing mangkat kan Stasiun Kroya sing tujuane meng kota-kota gede khususe Jakarta, Bandung, Surabaya, Jogja, Solo.

Ya moga-moga baen bisa ana manfaate nggo njenengan sing maca tulisan kiye lan kebeneran arep lunga numpak sepur kan stasiun Kroya.

1904081402 Purwojaya_eksterior1

Jurusan Jakarta :

PASAR SENEN :

1.  KA. Serayu.

Mangkat kan Stasiun Kroya nek sing Isuk Jam 07.00 WIB , Tekan stasiun Pasar Senen kira-kira jam 17.20 WIB.

Sing sore mangkat kan stasiun Kroya jam 17.00 WIB, Tekan stasiun Pasar Senen kira-kira jam 03.40 WIB.

Rega Karcis : Rp.25.000,-

2. Senja Utama Jogja.

Mangkat kan Stasiun Kroya jam 20.40 WIB, Tekan stasiun Pasar Senen kira-kira jam 03.45 WIB.

Rega Karcis : Rp.110.000,- (Bisnis)

3. Progo.

Mangkat kan Stasiun Kroya jam 19.44 WIB, Tekan stasiun Pasar Senen kira-kira jam 02.14 WIB.

Rega Karcis : Rp.26.000,-

4. Sawunggalih.

Mangkat kan Stasiun Kroya nek sing Isuk Jam 08.26  WIB , Tekan stasiun Pasar Senen kira-kira jam 14.14 WIB.

Sing sore mangkat kan stasiun Kroya jam 20.22 WIB, Tekan stasiun Pasar Senen kira-kira jam 02.37 WIB.

Rega Karcis : Rp.80.000,- (Bisnis), Rp.150.000,- (executive)

5. Gaya Baru Malam Selatan.

Mangkat kan Stasiun Kroya jam 23.50 WIB, Tekan stasiun Pasar Senen kira-kira jam 07.15 WIB.

Rega Karcis : ——-

GAMBIR :

1. Purwojaya

Mangkat kan Stasiun Kroya jam 19.30 WIB, Tekan stasiun Gambir kira-kira jam 01.30 WIB.


June 8, 2009

PCMAV 2.0 C

pcmav2c

Siki wis metu maning antivirus PC Media sing anyar yaiku versi 2.0 7 sing di klaim bisa ngenali lan busek 2771 virus karo variane sing akeh nyebar nang Indonesia, termasuk 3 varian utama sekang virus Conficker trus virus lokal Risa sing siki lagi akeh sing geger.

Library ClamAV 0.95.1 versi sing paling anyar uga wis bisa diintegrasikna karo lewih apik, mbuh kuwe Cleaner utawa RTP. Karo ndadani bug,kaya nang kasus  Cleanere ngadat pas RTP ne lagi aktif, lan akeh maning lah sing wis di dandani nang kene.

APA SING ANYAR?
a
. UPDATED! Ditambahna database pengenal lan pembersih 51 virus lokal/
asing/varian anyar sing dilaporna nyebar nang Indonesia. Total 2771
virus karo variannya, termasuk varian virus Conficker sing canggih,
sing akeh beredar nang Indonesia wis di titeni nang versi 2.0c kiye.

b. UPDATED! Cleaner lan RTP wis ndukung generasi paling anyar engine
ClamAV 0.95.

c. UPDATED! Ditambahna pembersih khsusus sing bisa nangani virus
Risa sing akeh nglakukna perubahan nang konfigurasi Windows.

d. BUG FIXED! Cleaner kadang-kadang ora bisa mlaku pas RTP lagi aktif. Masalah kiye diakibatna tesih anane proses sing
“nggantung” nang memory.

e. BUG FIXED! RTP nang kondisi tertentu kadang-kadang ndeteksi Cleaner (utawa sewalike) dadi “virus suspected”.

f. BUG FIXED! nang pirang-pirang kondisi lan konfigurasi komputer tertentu,
kadang-kadang RTP ora gelem dijalanna lan nampilna pesen kesalahan
“For first usage or upgrading to newer version, …”

g. IMPROVED! Kini engine advanced heuristic dapat lebih optimal dalam
mendeteksi varian virus polymorphic yang banyak menyebar di Indonesia.

h. IMPROVED! Unit Automatic Updates dioptimalnaben lewih thread safe.

i. BUG FIXED! Kesalahan deteksi (false alarm) heuristik nang pirang-pirang program lan script.

j. IMPROVED! Isi laporan PCMAV.LOG.

k. UPDATED! Isi ketentuan README.TXT.

l. IMPROVED! Perubahan pirang-pirang jeneng virus melu-melu varian anyar sing di temokna.

m. IMPROVED! minor bug lan improvisasi kode internal wis di dandani
nggo mastikna angger PCMAV tetep bisa dadi antivirus kebanggaan
Indonesia.

Sumber informasi : http://virusindonesia.com, Majalah PC Media

Sampeyan bisa download PCMAV 2.0 7 nang kene : DOWNLOAD

June 8, 2009

Gunung Selok

selok_1

Nek sampeyan bar kan Srandil bisa mampir sisan meng Gunung Selok soale nggone kuwe  cedek  karo lokasi Srandil. Lokasine nang desa Karang Benda kecamatan Adipala, sampeyan nek arep ngeneh rute lan transporte pada kaya nek arep meng Srandil , nek numpak angkutan umum ya bisa kan terminal Adipala sing paling kepenak, bisa numpak angkutan pedesaan utawa bis jurusan Cilacap – Kebumen sing lewat jalur selatan aja sing liwat Kroya mengko malah tekan Sumpyuh ora tekan Gunung Selok hehehehe….

Gunung Selok kuwe jan jane anu  alas sing bentuke bukit alias pegunungan lan di kelola nang Perum Perhutani KPH Banyumas Timur sing ambane sekitar 236,7 hektar lan duwure sekitar 150 meter nang duwur laut. Nggone nang pesisir Selatan Samudera Hindia sing nang penduduk di arani Segara Kidul.

selok_2 selok_3

Jan jane anu maen pisan pemandangan sing ana nang Gunung Selok kuwe soale anu pegunungan lan alas ditambah nang kono kuwe akeh gua-gua alam lan benteng tinggalane bangsa Jepang, malahan jerene nang daerah pesisir segara kidul kuwe ana sekitar 25 benteng. Jepang nggawe benteng nang kono jerene nggo ngintip utawa ngawasi musuh sing tekane kan arah segara kidul.

Wong-wong sing pada teka mengonoh biasane tujuane macem-macem ya ana sing pancen kepengin ndeleng pemandangan alame tapi juga akeh sing mengonoh kuwe nduwe tujuan liyane misale arep ziarah utawa semedhi nang nggon-nggon petilasan, kuburan utawa nang gua-gua sing ana nang kono. Petilasan sing sering di tekani wong-wong soale dianggep keramat alias wingit kuwe padepokan Jambe Lima lan Padepokan Jambe pitu.

Padepokan Jambe Lima utawa Cemara Seta kuwe ditemokna nang Eyang Mara Diwangsa, yaiku sedulure Patih Cakraningrat sing jebule ramane (bapake) Cakrawerdaya Bupati Cilacap sing pertama. Padepokane nggone anane nang puncak bukit sing jerene anu maen pisan nggo tapa utawa semedhi.

selok_4 selok_5

Padepokan Jambe Pitu utawa pertapaan Ampel Gading sing di renovasi nang jenate bekas presiden Soeharto uga akeh di tekani wong-wong sing pada ziarah, nang kono dianggep kramat utawa wingit banget soale nang kono ana 3 petilasan Sang Hyang Wisnu Murti lan pusakane sing ana loro yaiku Kembang Wijaya Kusuma utawa Eyang Lengkung Kusuma lan Cakra Baskara utawa Eyang Lengkung Cuwiri.

Seliyane benteng bekas tentara Jepang lan petilasan mau kae, nang Gunung Selok uga tesih akeh nggon sing ditekani wong-wong khususe nek dina dina-dina sakral kaya Jemuah (jum’at) Kliwon, Selasa Kliwon, lan wulan Sura yaiku : Gua Rahayu, Gua Naga Raja, Gua Bolong, Gua Paku Waja , Gua Putih, Gua Grujugan, Gua Tikus, Gua Lawa, Kaendran trus pesarean (kuburan) Kyai Sumolangu sing anane nang sebelah kulon trus ngidul (barat daya) benteng bekas tentara jepang. Nang kono akeh sing pada ziarah sing asale kan daerah Kebumen soale jerene Kyai Somalangu kuwe asale kan Kebumen tapi ninggal nang Selok.

Pesene inyong sedulur nikmati plesirane nikmati pemandangane aja kelalen ngucap na syukur nggo keagungan ciptaane Gusti Allah, nek bisa aja nggawe hal-hal sing nyimpang kan agama. Ya pancen kabeh kuwe hak njenengan nggo nentukna sikap, ya nek ziarah tujuane pengin ngenang sejarah utawa arep doakna wong-wong hebat utrawa leluhur sing di kubur nang kene sih ya ora apa-apa sedulur. Tapi nek arep ziarah lan semedhi nang kene tujuane mung kepengin sugih, kepengin jabatan, kepengin pangkat nek bisa aja sedulur. Nek kepengin sukses,sugih ya kudu kerja, berdo’a lan amal, soale kabeh kuwe atas kuasane Gusti Allah sing Maha Agung. Melasi arwah wong-wong hebat sing dikubur nang kono nek kuburane di salah gunakna nggo musyrik, mendingan di doakna ben arwahe tenang lan diampuni dosa-dosa ne, aja malah ngundang setan kon pada dolan ngonoh ya kesenengen setane.

Matur suwun,

selok2

sumber : http://pariwisata.cilacapkab.go.id

June 5, 2009

Gunung Srandil

Srandil_1

Nggo sampeyan sing seneng maring hal-hal klenik mesthi kudune ngerti tempat kiye, iya bener sedulur gunung Srandil pancen obyek wisata spiritual utawa religius sing anane nang desa Glempang pasir kecamatan Adipala,ndilalah lokasine jejeran karo gunung Selok sing uga obyek wisata religius. Akses nggo menganah lumayan wis gampang soale dalane wis alus lan kebeneran cedek karo jalur lintas selatan sing lagi di bangun nggo ngeramekna lan majukna perekonomian nang daerah pulau jawa sebelah kidul (selatan).

Nek sampeyan nganggo kendaraan mobil pribadi utawa motor gampang lah dijamin mulus kaya pupune artis ibukota hehehe… tapi ya kudu ati-ati soale dalane lumayan mandan ciut alias sempit,selain kuwe ya soale nang kono akeh wong tani utawa warga desa sing pada numpak pit nek ora mlaku-mlaku, ya mergane anu biasa sepi nang ndesa dadine nek pada numpak motor utawa pit pada sekepenake kadang meng tengah kadang menggok tapi ndase ups..! siraeh ora tingak-tinguk disit main menggok bae lan ora nggatekna ngger nang mburine ana kendaraan apa ora. Mergane kuwe sampeyan nek nggawa kendaraan sing ati-ati aja ngebut lah, soale kan biasa menungsa apa maning cah nom nek numpak motor ndilalah dalane sepi ya uwis nggo kebut-kebutan.

Nek arep numpak kendaraan umum ya gampang sedulur, angger kan Cilacap tinggal numpak bis jurusan Cilacap – Jatijajar – Gombong – Kebumen. Rutene nyusuri pesisir lintas selatan dadi sampeyan bisa ngliwati akeh obyek wisata sing nang daerah pesisir kono misale selaine Srandil lan Selok sampeyan bisa meng Pantai Widara payung, pantai Jetis, pantai Ayah. Lha angger kan Kroya sampeyan bisa numpak angkutan pedesaan sing warna kuning biasane ngetem nang prapatan air mancur Kroya.

Srandil_2 Srandil_4

Sejaraeh gunung Srandil jerene wong sing pertama manggon nang gunung Srandil kuwe Sultan Mukhriti anak ke II kan Dewi Sari Banon Ratu Sumenep Jawa Timur.Sultan teka mengonoh kuwe tujuane arep tapa, tapi Sultan Mukhriti ngilang trus sing tesih ana mung gari petilasane sing anane nang sebelah wetan sing dikenal diarani Embah Gusti Agung Sultan Mukhriti.
Salain kisah sing mau uga ana maning cerita sing pertama urip nang gunung Srandil kuwe ana wong loro sing jenenge Kunci Sari lan Dana Sari, wong loro kuwe prajurite Pengeran Diponegoro sing ora gelem nyerah maring tentara landa. Trus deweke lunga lan umpetan nang Gunung Srandil nganti akhire meninggal nang kono, kuburane nang sebelah wetan Gunung Srandil sing dikelilingi pager keliling sing ngesuk-ngesuke Kunci Sari di kenal jenenge Sukma Sejati.

Nang Gunung Srandil akeh petilasan wong-wong sing dianggep nduwe ilmu kanuragan sing linuwih utawa sekti mandraguna. Lha mergane sekti kuwe mulane nggon-nggon sing di tekani dianggep keramat lan sakral.
Petilasan-petilasan sing ana nang Gunung Srandil kuwe contone Mbah Kanjeng Gusti Agung, Nyai Dewi Tanjung Sekarsari, Kaki semar Tunggul Sabdojati Dayo amongrogo, Juragan Dampo Awang, Kanjeng Gusti Agung Akhmat utawa Petilasan Langlang Buwana sing anane nang nduwur bukit lan petilasan Hyang Sukma Sejati.

Srandil_3 Srandil_5

Saben ndina ana bae wong sing pada menganah, biasane sih pada ziarah,tapa, semedhi lan macem-macem tapi ya kuwe sing berhubungan karo ritual-ritual kepercayaan, apamaning nek malem jumat kliwon utawa malem selasa kliwon nang wulan syuro. Tapi aja salah sedulur, aja dianggep remeh lokasi Srandil lan Selok kiye, sing pada teka mengnonoh kuwe ora mung wong sekitar kono utawa seputaran Kroya Adipala Cilacap tok lho, sing kan daerah liya uga akeh lho malah wong kan luar Jawa misale Kalimantan, Sumatra, Bali, lah pokoke akeh lah kesel nulise nyong nek keakehan. Malah gosipe wong kono jerene Jenate bekas Presiden Soeharto sering meng Srandil – Selok, malah sing terakhir santer gosipe ya kuwe jerene penyanyi Mayang Sari uga sering teka mengeneh.

Dadine wong sing pada teka meng Srandil ya tujuane werna-werna ana sing pancen arep plesir ndeleng alame sing pancen maen pisan, malah nang kono ana balane rika sedulur ya kuwe kethek alias munyuk hehehehehe…aja kesuh ya nyong mung glewean. Sing teka ngonoh uga akeh sing tujuane mandan ra bener lan nyimpang seka akidah agama misale njaluk nomer buntut (togel),njaluk pesugihan lan macem-macem. Sing njaluk nomer buntut togel biasane wis kapok njaluki nomer buntut meng wong gemblung sing sering mangkal nang prapatan ora tau nembus, akhire tapa nang Srandil ben bisa tembus nomere. Hehehehe… jan sedulur ngenes banget ya kepengin sugih carane kaya kuwe njaluk nomer togel utawa pesugihan nganti ziarah lan tapa nang Srandil, sida-sida malah gemblung dewek nek ora kelakon dadi wong sugih trus gantian mangkal nang prapatan trus gantian uga ditakoni nomer togel nang tukan ojek sing pada mangkal nang kono. Hehehehe… ngenes ya sedulur, aja ngasi lah kaya kuwe, nek pengin sugih ya kerja sing rajing trus aja kelalen berdoa njaluk di lancarna rejekine meng Gusti Allah, soale kabeh sing anan nang dunia lan akherat kuwe atas kuasa lan kehendak-E.

sumber : http://pariwisata.cilacapkab.go.id

Srandil_03

May 30, 2009

PCMAV 2.0b Update Build4

Update Build4 wis teka kiyeh,kari ditambah 12 pengenal varian virus anyar. Ngoo sampeyan sing nganggo PCMAV 2.0b nek bisa kudu ngupdate, ben PCMAV nggone sampeyan bisa ndeteksi lan busek virus lewih akeh. Kiyeh nek sampeyan arep update PCMAV sing paling anyar kiye bisa di download nang kene : 

PCMAV 2.0b Update Build4

Nek wis di download gari di simpen file hasil download kuwe mau (update.vdb) meng folder folder \vdb. Angger sedurunge wis ana file  update sing wingi-wingi, wis gari di timpa bae.

Hotum.vbs. Siji maning virus lokal jenis VBScript jenenge  Hotum.vbs. Ukurane sekitar 8KB. Deweke aktif otomatis carane ngganti registry userinit nggune Windows karo nggawe item run anyar.Gampang  mengenali komputer sing wis kena virus kiye. Pentelengi nang informasi jam windows nang pojok tengen ngisor, waktu AM mengko diganti dadi “Hotum” trus angger PM diganti dadi “Tombom”.

hotumvbs

Daftar tambahan virus sing kedetek nang  PCMAV 2.0b Update Build4:
Apong.D
Astuty
Astuty.htm
Autoit.DL
Autoit.DM
Autoit.DN
Autoit.DO
Autoit.DP
Autoit.DQ
DotExecute
DotExecute.inf
FourTwoOne.vbs.D
FourTwoOne.vbs.D.inf
FullHouse.B
FullHouse.C
FullHouse.jpg
GhostyNet.A.html
Hotum.vbs
Hotum.vbs.inf
JeyJey
Kikuk.vbs
Kikuk.vbs.htm
Kikuk.vbs.inf
Kinza.vbs
Kinza.vbs.inf
LegendOfAang.vbs
LegendOfAang.vbs.inf
Nhatquanglan.B
Nhatquanglan.B.inf
Nhatquanglan.B.txt
Nhatquanglan.C
RezaTera
RezaTera.bat
Rongkang
Rongkang.inf
Stargate.C
Stargate.C.bat
Stargate.C.html
Vanpraja.B
Vanpraja.jpg.A
Vanpraja.jpg.B
Zul

sumber : www.virusindonesia.com

May 29, 2009

CACEBOOK HARAM????

Siki ana berita heboh sing asale kan ulama Jawa Timur, angger Facebook diharamna. Akibate berita kiye ya merekna kaget lan geger nggo sing seneng dolanan Facebook . Tapi sebenere ya ana sebabe kenangapa facebook bisa dadi haram. Wingi kang Bawor wis survey maring ngendi-ngendi nggo ngecek penyebabe.

Kiye hasil survey ne kenangapa facebook bisa haram, sebab-sebabe contone :

1. Facebook bisa nyebabnya dewek kelalen karo anak, di jor klowor.

download_005

2. Facebook merekna dewek angel lan males rep ninggalna komputer.

download_006

3. Facebook merekna dewek males resik-resik alias jorok bin kemproh, njijiih.

download_003

4. Ketagihan facebook merekna dadi kelalen madang trus dadi males madang.

download_002

5. Ketagihan facebook merekna lemu soale congore dewek kepengine ngunyah panganan terus nek lagi bukak-bukak facebook

download_004

6. Keranjingan Facebook ora kenal umur, nganti bocah bayi be melu bae bukak facebook

download

hihihihi… kaya kuwe lah contone.

sumber : kan ngendi ora

May 25, 2009

Tempe Mendoan

kafesolomendoan

Kiye panganan khas daeraeh inyong sing paling tek senengi lan akeh sing pada seneng, nek bali kampung ora mangan panganan kiye rasane ana sing kurang.

Kiye tek wei resepe mbok sampeyan arep gawe :

Bahan :
20 Tempe sing wis dirajang tipis
250 gram Tepung terigu
300 cc banyu
2 batang daun bawang / muncang iris alus

Bumbu sing di uleg utawa dialusna:
5 Butir bawang Putih
4 Butir bawang merah / brambang
1 sendok makan Ketumbar
5 butir kemiri

1 cm Kunyit bakar
1 cm Kencur
garam/uyah secukupe

Cara Nggawe :

  • Campur dadi siji tepung terigu, banyu, bumbu sing wis di uleg, muncang lan uyah. Aduk rata.
  • Celupna tiap potongan tempe meng adonan tepung, goreng karo lenga jawa panas sedela bae, aja kesuwen.
  • Angkat trus siapna anget – anget karo sambel plus teh botol.
  • maknyus…..

May 25, 2009

SOTO SOKARAJA

soto-sokaraja

Bahan:
500 gr daging sandung lamur
2000 ml banyu
3 sdm lenga jawa (aja jelantah ya…)

Bumbu:
1/2 sdm uyah
2 sdt merica bubuk
1/2 sdm gula jawa
6 sdm kecap manis
1 iris jahe (lk. 2 cm)
1 btg serai, geprek

Bumbu alus:
8 bh brambang (bawang merah )
3 siung bawang putih
3 btr kemiri
1 ptg kunir (kira-kira se senti lah…))

Pelengkap:
50 gr soun, direndem, trus di entas
1 ons kecambah,disiram banyu panas, di entas
1 btg Muncang (daun bawang) , iris tipis
1 btg seledri iris alus
3 sdm bawang goreng
kedele, rendem, entas, goreng
kerupuk , karo sambel soto (lombok rawit, godog, ulek)

Cara Nggawe:
- Godog daging nganti empuk, angkat kethok kotak cilik-cilik
- goreng bumbu alus nganti wangi, wei 3-4 sdm kaldu, siram meng njero kaldu kuah godogan daging, godog nganti mateng sedela.
- Lebokna tugelan daging, merica,uyah, gula, kecap manis, jahe, laos karo  sere. jor na ben mateng maning.
- atur, soun, kecambah, karo daging nang mangkuk, siram karo duduh. uwur-uwuri rajangan muncang, seledri, bawang goreng, kedele goreng. suguh na anget-anget karo kerupuk plus tambaih sambel.

maknyus banget lah…. ngombene ST 12, he..he… sory maksude es teh dua gelas.